Minggu, 28 Oktober 2012

WARUNG KOPI MBAK WIWIN

Tampak saking ngajeng warung mbak wiwin


Tampak saking lebet warung mbak wiwin


Menu :
Minuman                              Makanan                            Camilan
* Kopi Cete                          * Nasi pecel                       * Tahu goreng
* Kopi Susu                          * Mie Goreng                     * Tempe goreng
* Wedang jahe                     * Mie Rebus                        * Ote-ote
* Wedang Jahe Susu            * DLL                                  * Dll
* Es Teh Susu
* Es Tape Susu
* Es Marijan Susu
* DLL

Terletak inggih puniko dateng Ds.Wonokromo Kec.Gondang Kab.Tulungagung, bukak wiwit jam 08.00 s/d 22.00 wib.Suasana ing warung mbak wiwin niki sekeco sanget npo maneh pelayane niku mbak wiwin piambak jan maknyuuuus tenaaan. Poro tiyang sepah, enem, sampek lare alit sedoyo ngopi dateng mriki koyo-koyo malah pun dados rutinitas sedinten-dinten kagem masyarakat Tulungagung.

Rabu, 24 Oktober 2012

KENANGAN MASA SMK

Fotoku karo konco2 wektu SMK

Masa sekolah yoiku masa ingkang paling nyenengaken kagem poro kawula muda khususipun pribadi kulo piambak. Masa muda masa dimana setiap lare saget mengembangkan diri lan mengenal jati diri tiap2 lare kasebut. Menurut pribadiku masa mudaku mbiyen sanget nyenengaken soale nedi nopo2 alhamdulilah mesti keturutan lan pun mboten mikir ingkang reno2.
Pengen ngene ki pethuk konco2 wektu sekolah mbiyen temu kangen soale ws pirang2 taun ra cetukan karo konco2. Pesenku masio awake dewe ws swi ra pethuk tapi silaturahmi kudu tetep di jogo karodene ki ws jaman super canggih lek koncone wis neng adoh paran iso sms opo telpon nanyakne kabare konco2 kabeh...... Luwih penak golek musuh timbang golek konco

LIBURAN NENG MUNJUNGAN

Foto bersama choirudin, pakto, pak sam lan aku dewe neng 
pantai munjungan.


Mari putus lan ditinggal rabi karo pacare. koncoku ingkang asmane choirudin ngajak dolan ngedem utek supoyo iso lali karo mantane soale bocae jan wis cinta tenanan. Sakwise mikir rodok swi akire oleh pencerahan penake dolan ae neng pantai munjungan jarene neng kono kwi pantaine jan apik tenan lan gadise uayu-ayu yowis akire sepakat neng munjungan ae.
Sakwise teko munjungan aku lan konco2 nginep neng griyane pak to suwene sedino, semenjak neng griyane pak to aku lan konco2 wis di anggep keluargane dewe pokok pak to jan wong seng menurutku apik tenan matursuwun pak to. Neng munjungan aku la konco2 ningali proses nggwe minyak cengkeh lan minyak dilem karo ningali wong2 njolo iwak. Akeh pelajaran seng iso tak jupuk teko liburanku kwi maeng lan koncoku choirudin yo maleh rodok tenang atine iso keslimur maleh ra kelingan mantane............!!!!!

NARSIS NENG WADUK

Aku lan konco2 poto2 neng waduk


Ceritaku kwi pas wulan romadhon karo nunggu mahgrip dolan ae neng Waduk karo poto-poto timbang suwung neng ngomah. Kwi jan momen seng ra iso terlupakan masio wong-wongane rodok buluk tapi ra opo2 penting asyik lan seneng masalah buat looe xxaxaxaxaxaxaxaxa......

KONCOKU DADI MANTEN

HABIS GELAP TERBITLAH TERANG sebuah peribahasa ingkang pas banget kanggo koncoku ingkang asmane Choirudin tapi konco2 biasane lekne nimbali JOMBLO. Koncoku kwi rodok apes titik nasibe mulai teko jodo lan penggaean ibarat ngono roda pas munyer neng ngisor, mbiyen di tinggal rabi pacare trus bar kwi pikepe kerep amoh bane kerep mbledos sampek bane cepot sak as-ase xaxaxaxaxaxaxa.....

Tpi kwi mbiyen saiki roda kehidupan ws pindah munyer neng nduwur, saiki bocae ws rabi oleh cah uayu kyok aura kasih jan maknyuuuuus tenan terus pikepe wis ora tau mbledos neh bane pokok ws karek penake.Aku iso oleh pelajaran soko koncoku kwi maeng jenenge jodo, rejeki, maut kwi neng tangane Gusti Pangeran seng nggawe jagad, lan opo seng di duweni neng ndonyo ora bakal sampurna soale kwi mung titipan. Cekap semanten ceritaku ki di lanjut maneh neng postingan sakwise iki, tpi sak durunge dulur-dulur kudu mirsani potone koncoku dadi maten......MONGGO DIPUN TINGALI

Prosesi poto2 mempelai pengantin karo konco2

Selasa, 23 Oktober 2012

PAMBUKO

Assalamualaikum wr.wb

Sugeng rawuh kagem sedoyo pembaca ingkang sampun nyempataken mampir dateng blog kulo ingkang sanget sederhana meniko. Blog niki kulo damel nggeh puniko tujuanipun bade ngenalaken seluk beluk Kabupaten Tulungagung mulai saking Budoyo, Warung Kopi. Kerajinan, Tempat Wisata lan sak panunggalanipun, mbok menawi kedepanipun saget damel referensi tujuan liburan poro rawuh sedoyo.
Monggo kito generasi muda sami nglestarekaken budoyo Asli Indonesia kususipun budoyo jawi supoyo mboten ilang tergerus moderenisasi budoyo saking negari luar.

Cekap sementen angsal kulo ngatur pambuko kagem sedoyo pembaca Blog Tulungagung mbok menawi wonten kirang langkungipun saking segi bahasa, unggah-ungguh, tulisan lan sak panunggalanipun kulo selaku Pendiri Blog ngaturaken sedoyo kemaafan kagem poro rawuh sedoyo.

 Wasslamualaikum wr.wb



                                                                                                          

Hormat Saya

                                    Amru setiawan