HABIS GELAP TERBITLAH TERANG sebuah peribahasa ingkang pas banget kanggo koncoku ingkang asmane Choirudin tapi konco2 biasane lekne nimbali JOMBLO. Koncoku kwi rodok apes titik nasibe mulai teko jodo lan penggaean ibarat ngono roda pas munyer neng ngisor, mbiyen di tinggal rabi pacare trus bar kwi pikepe kerep amoh bane kerep mbledos sampek bane cepot sak as-ase xaxaxaxaxaxaxa.....
Tpi kwi mbiyen saiki roda kehidupan ws pindah munyer neng nduwur, saiki bocae ws rabi oleh cah uayu kyok aura kasih jan maknyuuuuus tenan terus pikepe wis ora tau mbledos neh bane pokok ws karek penake.Aku iso oleh pelajaran soko koncoku kwi maeng jenenge jodo, rejeki, maut kwi neng tangane Gusti Pangeran seng nggawe jagad, lan opo seng di duweni neng ndonyo ora bakal sampurna soale kwi mung titipan. Cekap semanten ceritaku ki di lanjut maneh neng postingan sakwise iki, tpi sak durunge dulur-dulur kudu mirsani potone koncoku dadi maten......MONGGO DIPUN TINGALI
Prosesi poto2 mempelai pengantin karo konco2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar